Thursday, June 13, 2013

Sang Inspirator


Aku durung nganti kenalan karo Bung Karno, proklamator kemardekaan bangsa Indonesia kuwi. Tapi, aku ngrasaBung Karno iku ana neng siseh mburiku terus. Rasane aku ditutke Bung Karno. Tapi saben aku mlengak mburi Bung Karno ora ana neng mburiku. Kadang-kadang rasane Bung Karno mbisiki neng kupingku. Aku nganti wedi dewe, opo Bung Karno wes dadi weden? Opo Bung Karno arep ngandani sak benere sopo dalang kudeta tahun 1965? Opo Bung Karno arep ngandani nek surat perintah suwelas maret kuwi ora surat pengalihan kekuasaan? Sing terakhir opo Bung Karno kepengin makame dipindah neng Bogor ora ning Blitar ?Ah, ora iku menawa perasaanku ae. Ora mungkin wong sing wes mati ngatuti wong sing iseh urip. Ora mungkin, bener-bener ora mungkin!. Aku dadi pengagumi Bung Karno awit aku mlebu jurusan sejarah. Aku ora pernah lali karo pesen-pesene Bung Karno. Salah siji pesene sing paling tak elingi yaiku : “ Jas Merah “ artine ojo sepisan-sepisan lali marang sejarah. Bung Karno ngandakke ora entuk lali karo sejarah jalaran sejarah iku penting mula aja nganti lali karo sejarah bangsane opo meneh sejarahe dewe. Ana maneh, nek sejarah iku dadi gurune urip ( Historia Vitae Magistra ), iku kandane filsuf Romawi, jenenge Cicero.
Kanggo buktikake nek sejarah iku penting, aku ngrenung ana sak wijining dina. Kenapa Indonesia ora maju-maju? Apa sing isa disinauni sangka sejarah? Tak pikir-pikir, akhire ketemu. Jawabane: Indonesia kepingin maju? Sinau sangka kerajaan Sriwijaya!. Alasane kaya mengkene: Sriwijaya iku kerajaan maritim sing paling gedhe ning jagad nusantara iki. Saiki pertanyaane kenapa Sriwijaya isa dadi kerajaan maritime sing paling gedhe? Alasane : jalaran Sriwijaya duwe angkatan laut sing tangguh, sing kuat. Dadi perhubungan kanggo perdagangan mlaku lancar tanpa ana hambatan. Laut aman. Indonesia kudune sinau sangka Sriwijaya. Wes katon nek Indonesia iku Negara kepulauan, tapi kenapa sing maju malah angkatan darate? Iki kan malah kualik. Kudune sing maju iku angkatan laut, supaya ora ana perompakan, ora ana sengketa perbatasan wilayah, supaya antar kepulauan Indonesia iso saling kehubungake. Nek laut aman lan antar pulau iku bisa saling kehubungake perekanamian Indonesia iso maju lan rata. Sriwijaya iso dadi pusat perdagangan dunya, yo jalaran iku mau ning duwur, Indonesia iso dadi Negara gedhe nek gelem sinau sangka sejarah.
Lagi  tak sadari, nek  Bung Karno lan Cicero sing dadi inspiratorku. Maju Indonesia !!!!

0 comments:

Post a Comment